Wingi dina minggu kelurga gede reang ceritane ngadakaken jalan jalan ng laut
ari wong jawa iku kudu dawa ususe ya....
nangapa jeh ???
dadi mengkenen ceritane kuh, janjine mah jeh mangkat jam 8 an ehhhhhhh... angger bae mangkate jam 10, kuh ebat ya pastesan negara bli maju maju kuh nang mengkenen kaya mah hahhaha
wis balik maning adoh temen ya tekan negara kedik, jam sepuluh iku ceritane mangkat mg laute rayag rayagan karo batur batur, pas tekang bunderan kijang kuh ia bae ketemu sing diwedeni enggal wong sing ora due sim, telat bayar pajak kosinan ati mah pyar pyaran kaya garep copot haahhah untunge kuh ya supire ora yag ora yeg, liwat bae ora nylinguk nylinguk acan, ng ati mah mbuh kanane dag dig dug der.
sing diarani kakang iku kudu melas karo adine, semono mayan reang sms si kabeh bocah sg mau melu mangkat "cah aja pada liwat buderan kijang lagi ana rajiaan " iya bae ningan pada cerdas lewate dayung sing aman lan tentram. akhire reang karo mang maman tekang umae mang kus,tempat kien iki tempat paling strategis kanggo jalan jalan wong sing ora dwe duit ahahahah gratis tinggal udar udar trus jebur,laka bayar bayaran maning.
Sewise nunggu radakan sue akhire buntut buntut pada teka, terus pada persiapan. Ana sing gawa golok ana sing gawa panggangan lan tetek bengek ana kabeh. (ceritane wis tekang laut) ana sing gawe geni, ana sing luruh kayu, ana sing njegresi kerek murub murub tekang ntek sewadah nang saking senenge dolanan kerek....
sing slepi bae ya ana,..
tek ceritani ya.. lamon pengen ngakrabaken wong iku kudu sering barengan, kamberan apa jeh???? ana sing weruh bli??? ya laka lah wong drung tak upai weruh. dadi jawabane mengkenen, lamon sering barengan iku bakal weruh karaktere wong akhire weruh priwe carane ngajeni wong, terus gah ari sering barengan iku bakal ngerasakaken enak blenak barengan, kun kuh sing paling larang kuh..... karena ning kuliah kuh laka pelajarane cah dadi pada gatia ning organisasi, baik sing ng kampus atawa ning jaba kampus
ari kudu weruh mah kin kih keluargane reang cah... bagen laka hubungan getih gah. muga muga bakal dadi keluarga selawase tekang mati ... Amiiin
ning kene reang ngerasa dadi wong kuh (emang maune sapi tah ) dudu mengkonon maksude mah. ning kene reang diumbangi seporete ng sapam, mangan karo sega bae, kadang kadang ya dewekan. ng kene iku umah kelorone reang jare dwek mah, tekang balika gah bli betah pengen meng sekre bae bagen ng kanane nganggur gah.
kun ceritane kita ndi ceritane nt ....???



Tidak ada komentar:
Posting Komentar